Pelajaran dan Tugas Sekolah

Cerita Rakyat Bahasa Cindelara Jawa

Cerita Cinderala telah tersebar dalam beberapa versi dan bahasa termasuk dalam bahasa jawa yang telah diterbitkan dalam bentuk buku cerita. Dan dibawah ini adalah salah satu versi cerita Cinderala yang sudah di translate dalam bahasa jawa

Cerita rakyat bahasa jawa. Raden Putra yaiku raja kerajan Jenggala. dheweke didampingi permaisuri sing gemati lan selir sing ayu. Nanging, selir raja Raden Putra nduweni sifat iri lan dengki marang permaisuri. Dheweke nyritake ala marang permaisuri.


“sakudune, aku sing dadi permaisuri. aku kudu nggoleki cara kanggo menyingkirkan permaisuri,” pikire.


Selir baginda, komplot karo tabib istana. dheweke ethok-ethok lara parah. Tabib istana banjur cepet diceluk. Sang tabib ngomongke menawa ana wong sing wis menehi racun ana jero wedang tuan putri.


“wong kuwi ora liya yaiku permaisuri Baginda dhewe,” tembung sang tabib.


Baginda dadi nesu krungu penjelasane tabib istana. Dheweke cepet ngongkonke patihe kanggo mbuwang permaisuri menyang alas.


Sang patih cepet nggawa permaisuri sing lagi ngandung kuwi menyang alas. Nanging, patih sing bijak kuwi ora arep mateni koyo sing diperintahke Raja. Rupane sang patih wis meruhi pangarah ala selir baginda.


“Tuan putri ora usah kuwatir, kula badhe nglaporke marang Baginda menawa tuan putri wis tak pateni,” tembung patih.


Kanggo ngelabui raja, sang patih nglumuri pedhange karo getih kelinci sing ditangkepe. Raja nanggung puas pas sang patih lapor yen dheweke wis mateni permaisuri.


Sakwise pirang-pirang wulan ana ing alas, laira anak sang permaisuri. Bayi kuwi diwenehine jeneng Cindelaras. Cindelaras tuwuh dadi sawong anak sing cerdas lan bagus. Kawit cilik dheweke wis kancan karo kewan penghuni alas. Sawijining dina, pas lagi dolanan, ana rajawali nibakne endog.


“Hmm, rajawali kuwi becik pisan. dheweke sengaja menehake endog kuwi marang aku.” sakwise 3 minggu, endog kuwi netes.


Cindelaras ngingu anak pitike kanthi sregep. anak pitik kuwi tuwuh dadi jago sing apik lan kuwat. Nanging ana siji keanehan. Suara kluruk jago kuwi apik buanget!

“Kukuruyuk… Tuanku Cindelaras, omahe neng tengah alas, gendenge godhong kambil, bapake Raden Putra…”


Cindelaras gumun banget krungu kluruk pitike lan cepet ndelokake nang emboke. Nuli, embok Cindelaras nyeritoke asal usul dekne nganti ana ing alas.


Krungu cerito mbokne, Cindelaras nekat menyang istana lan bakal menangake piala selir baginda. sakwise eneng ijin saka mbokne, Cindelaras lunga menyang istana dikancani jagone. pas neng dalan ana wong sing pada ngadu pitik.


Cindelaras banjur diceluk saka para penyabung pitik iku.
“yo, yen wani, adunen jagomu karo pitikku,” tantange.
“nggeh,” jawab Cindelaras.


Pas diadu, jebulna jago Cindelaras menang kanti wayah singkat, dheweke bisa ngalahake mungsuhe. Sakwise ping pirang-pirang aduan, pitik Cindelaras tetep ora kalah. Pitike bener-bener ampuh tenan.
Kabar babagan kelinuwihan pitik Cindelaras kesebar cepet. Raden Putra ugo krungu kabar kuwi. banjur, Raden Putra ngongkon abdi daleme kanggo ngundang Cindelaras.


“Hamba sowan paduka,” tembung Cindelaras karo santun.
“anak iki bagus lan cerdas, kayane dheweke dudu turun rakyat jelata,” pikir baginda.


Pitik Cindelaras diadu karo pitik Raden Putra kanti syarat, yen pitik Cindelaras kalah dheweke gelem dipancung sirahe, nanging yen pitike menang, separo kesugihan Raden Putra dadi duwek e Cindelaras.


2 pitik kuwi nandhing kanthi gagah lan wani. Nanging kanthi wayah singkat, pitik Cindelaras kedadeyan ngalahake pitik sang raja.


Wong kang ndelok podo sorak-sorak ngalem-alem Cindelaras lan pitike.
“aku ngaku kalah. aku arep nepati janjiku. Nanging, sapa sabenere, awakmu iku?” takon Baginda Raden Putra.


Cindelaras cepet mbungkuk kaya ngomongi nang pitike. ora pira suwe pitike cepet muni. “Kukuruyuk… Tuanku Cindelaras, omahe tengah alas, gendenge godhong kambil, bapake Raden Putra…,”


jago kuwi kluruk bola-bali. Raden Putra kaget krungu kluruk pitike Cindelaras.
“Apa bener kuwi?” takon baginda gumun.


“leres Baginda, jeneng kula Cindelaras, embok kulo yaiku permaisuri Baginda.”
Barengan karo kuwi, sang patih cepet ngadhep lan nyeritoke kabeh kadadean sing sabenere wis kedadean ana permaisuri.


“kula sampun nglakoni kaluputan,” tembung Baginda Raden Putra.
“aku arep menehake hukuman sing setimpal ana selirku,” banjur Baginda karo nesu. selir Raden Putra banjur dibuwang menyang alas.


Raden Putra cepet ngekep anake lan njaluk ngapura awit kesalahane. Sakwise kuwi, Raden Putra lan abdi dalem cepet njemput permaisuri menyang alas.


Akhire Raden Putra, permaisuri lan Cindelaras bisa ngumpul bali. sakwise Raden Putra wafat, Cindelaras gumantekne kedudukan bapake. Dheweke mimpin negerine kanthi adil lan wicaksana
BACA SELENGKAPNYA...


Mirip dengan Cerita Rakyat Bahasa Cindelara Jawa :


Back To Top