Pelajaran dan Tugas Sekolah

Kerata Basa / Jarwa Dhosok (Bahasa Jawa)

Kerata basa yaiku tembung sing diothak-athik supaya mathuk, mujudake cekakan saka rong tembung utawa luwih kang dadi ukara.

sepur : asepe metu ndhuwur

dhalang : ngudhal piwulang

cangkir : nyancang pikir

tebu : antebing kalbu

tarub : ditata kareben murub

gedhang : digeget sabubare madhang

tandur : nata karo mundur

kuping : kaku njepiping

wedang : ngawe kadang

kursi : yen diungkurake banjur siji

ludruk : gulune gela gelo, sikile gedrug-gedrug

sekuter : sambi sedheku mlaku banter

sepuh : sabdane ampuh

simah : isining omah

sirah : isining rah

siti : isi bulu bekti

sruwal: saru yen nganti uwal

tapa : tatane kaya wong papa

tuwa : ngenteni metune nyawa

kodhok : teka-teka ndhodhok

kaji : tekade siji

gusti : bagusing ati

gerang : segere wis arang

batur : embat-embataning tutur

prajurit : prawira jujur lan ngirit

bapak : bab apa-apa pepak

guru : digugu lan ditiru

mantu : barang sing dieman-eman metu

janur : sejaning nur

cengkir : kencenging pikir

kupluk : kaku tur nyempluk

garwa : sigaraning nyawa

krikil : keri neng sikil

kathok : yen nganggo diangkat baka sithok

dubang : idu kang abang



sumber: KBJ (Kawruh Basa Jawa)
BACA SELENGKAPNYA...


Mirip dengan Kerata Basa / Jarwa Dhosok (Bahasa Jawa) :


Back To Top