Pelajaran dan Tugas Sekolah

Berita bahasa jawa : Lomba Pitulasan Ingkang Nyleneh

Magelang, Jawa Tengah, - Kangge ngregengaken pengetan dinten Kamardikan samangke, warga Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, ngadani lomba makan krupuk lan ambil koin sinambi numpak kuda kepang kados paraga jathilan. Kajawi punika, warga ugi nggelar bal-balan terong ingkang pasartanipun ngangge daster.

Lomba makan krupuk ing Dhusun Dawung, Desa Banjarnegoro, Kecamatan Mertoyudan, Kabupaten Magelang, lumampah gayeng. Warga ingkang ningali lomba katingal ger-geran, awit pasarta lomba ngangge busana paraga Jathilan, lan numpak kuda kepang. Lomba pitulasn samangke saya regeng, awit binarung ungeling gamelan
.

Kejawi lomba makan krupuk lan ambil koin sinambi numpak kuda kepang, panitia ugi nggelar bal-balan terong kangge ibu-ibu, kanthi ngangge daster, dene bal kedah dipun tendhang ngangge terong.

Salah satunggaling pamupu lomba, Sunyoto nelakaken remen ngregengaken lomba pengetan dinten Kamardikan samangke.

Wondene panita lomba, Agung, mratelakaken, ancasipun ngadani lomba minangka kupiya kangge ngleluri kagunan Budaya Jawa, sarta kangge njurung warga suapdos greget mengeti Dinten Kamardikan Nagari Republik Indonesia ingkang kaping sewidak sanga taun.

Ing kalodhangan kasebat, panitia nyawisaken bebingah menda, tumrap pamupu ingkang sasab lomba.

Yuki Pramudiya

Berita bahasa jawa lainnya klik disini


BACA SELENGKAPNYA...


Mirip dengan Berita bahasa jawa : Lomba Pitulasan Ingkang Nyleneh :


0 Komentar untuk "Berita bahasa jawa : Lomba Pitulasan Ingkang Nyleneh"
Back To Top