Pelajaran dan Tugas Sekolah

Contoh pawarta basa jawa singkat

Pawarta bab prastawa kang nganggo korban asing kapacak ing layang kabar, majalah, utawa TV. Anan kang nalika padha plesiran ing gunung, numpak motor mabur tiba, numpak kapal karem lan liya-liyane. Ing ngisor iki ditulis papethikan tuladha pawarta.
TULADHA PAWARTA
Kepleset, Siswa SMP Tiwas
Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.
Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika.
Kapethik saking kalawarti penjebar semangat

Panggung seni seribu bunga ing TBS
Kurang luwih 30 pepathan kesenian saka maneka warna tlatah ing jateng lan yogyakata sumadya ngramekake “Taman Budaya Jawa Tengah” utawa “Taman Budaya Surakarta” Solo ing adicara panggung seni seribu bunga kang kawiwitan dina setu (24/1) nganti tekan dina jemuah (30/1).
Adicara iku digelar dening dinas pendidikan kabudayan Provinsi Jawa Tengah kang ngemonah TBS Solo. Kabeh kesenian dening 30 pepanthan kesenian saka tlatah Jateng lan Yogyakarta bisa ditonton warga kanthi lelahan utawa gratis, miturut ketua Bidang pengembangan seni TBTT Solo. Pagelaran panggung seni 1000 bunga ancase bakal kagelar saben taun kawiwitan taun iki.
TEMBUNG ANGEL
-      wewengkon     : tlatah, kawasan
-      satemak           : akhire
-      kanyut              : katut
-      cocoran           : tempat/panggonan tibane air terjun
kapethik saka bahasa jawa SMA

BACA SELENGKAPNYA...


Mirip dengan Contoh pawarta basa jawa singkat :


0 Komentar untuk "Contoh pawarta basa jawa singkat"
Back To Top