Pelajaran dan Tugas Sekolah

Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah )


Artikel Terkait dengan Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah )

MIRAH ( Mileh Lurah )

Wonten Desa Tempurejo badhe dipunelenggaraaken pemilihan lurah utawi kepala desa enggal. Calonipun Pak Arif kaliyan Pak Hakiki. Pak Arif menika wirausahawan ingkang sampun misuwur. Pak Hakiki inggih menika lurah taun kala wingi ingkang badhe nyalon malih. Kinten-kinten sinten ingkang badhe dados lurah Desa Tempurejo? Mangga saha midangetaken.

Enjing menika wonten dalemipun, Bu Lurah kaliyan Pak Lurah nembe ngendikanan babagan pencalonanipun Pak Hakiki dados lurah wonten ruang tamu.


Pak Lurah : “Bu, sajake bapak arep pungkas anggone dadi lurah. Bapak kepingine bisa nyalon maneh dadi lurah. Apa ibu sarujuk?”

Bu Lurah : “Ibu sarujuk kemawon pak. Nanging ibu langkung sarujuk menawi bapak istirahat kemawon saking jabatan lurah. Paring kalodangan damel calon lurah enggal.”

Pak Lurah : “bapak kuwi sajake namung kepengin cedhak karo warga desa lan niate bapak mbok menawa bisa rong priode mimpin desa iki.”

Bu Lurah : “Menawi mekaten, mangga kersa kemawon pak.”

Pak Lurah : “Lho lho lho ibu iku kepriye ta? Aku nyalon dadi lurah maneh rak ya ibu melu seneng amarga bisa diajeni karo para warga.”

Bu Lurah : “menawi mboten dados lurah nggih ibu kaliyan bapak ugi dipunajeni kaliyan warga. Ibu namung mboten seneng menawi nalikanipun bapak mangkih dados lurah malih inggih sibuk malih mboten kagungan wekdal kagem kaluwarga pak. Menika menawi bapak sarujuk kaliyan ibu.”

Pak Lurah : “Oalah bapak saiki ngerti ngapa ibu ora seneng bapak dadi lurah. Ya wis ngene wae. Sakdurunge bapak kampanye marang wong-wong, bapak arep kampanye marang ibu dhisik.”

Bu Lurah : “Kampanye maring ibu? Bapak menika pripun?”

Pak Lurah : “Ya mbesuk menawa bapak kepilih dadi lurah maneh, bapak bakal tresna lan menehi wektu gawe keluwarga supaya dhewe tetep dadi keluwarga ingkang rukun, tentrem lan raharja.”

Bu Lurah : (mesam-mesem geli)

Pak Lurah : “Malah ngguyu.”

Bu Lurah : “Bapak menika nggih lucu.”

Pak Lurah : “Ya supaya ibu bisa sarujuk marang usule bapak. Menawa awake dhewe kompak, kabeh kuwi bakal gampang ta?”

Bu Lurah : “Nggih nggih nggih. Ibu sarujuk.”

Pak Lurah : “Tenan?”

Bu Lurah : “Saestu. Ibu mesti donga dening Allah SWT kagem bapak supados dipunparingi gampil sedanten urusan damel kebecikan.”

Pak Lurah : “Ya wis menawa ngana bapak uwis lega, sesuk bapak ngurus pencalonane bapak.”

Calon Pak Lurah enggal inggih menika Pak Arif ugi sampun nyawisaken pencalonanipun dados lurah. Bu Ajeng, garwanipun Pak Arif ugi biyantu persiapanipun. Wonten dalemipun Pak Arif kaliyan Bu Ajeng sami ngendikan.

Pak Arif : “Bu. Bapak rencanane sesuk arep nyalon dadi lurah. Ibu kudu ngajak maring ibu-ibu warga desa supaya bisa milih bapak.”

Bu Ajeng : (kaget) “Punapa mboten klintu pak? Bapak dados lurah.”

Pak Arif : “Ora. Iki pancen cita-cita bapak biyen nanging lagi bisa keturutan saiki.”

Bu Ajeng : “Wah berarti ibu saged dados bu lurah pak. Menawi mekaten ibu sarujuk kaliyan bapak.” (bungah)
Pak Arif : “Mulane ibu kudu bisa nyedaki ibu-ibu ing desa kene.”

Bu Ajeng : “Nggih pak. Siap.”

Pak Arif dhateng ing kantor kelurahan damel nyekapaken persyaratan dados lurah. Lajeng Pak Arif ketemu kaliyan Bunga, Pegawe Kelurahan.

Bunga : “Pak Arif menika sios badhe nyalon lurah?”

Pak Arif : “Saestu sios mbak. Kinten-kinten persetujuan persyaratan ingkang sampun kula aturaken sampun jangkep dereng mbak?”

Bunga : “Nyuwun ngapunten pak menika taksih wonten berkas-berkas ingkang dereng jangkep.”
Pak Arif : “Mbak menika wonten arta.” (menehi amplopan) “damel njanngkepi sedaya persyaratan.”
Bunga : “Nyuwun ngapunten pak. Menika mboten kados prosedur. Kedaipun bapak njakepi piyambak ing kantor kecamatan.”
Pak Arif : “Kula menika taksih ngurus kaperluan sanesipun. Kula snyuwun tulung saestu mbak.”
Bunga : “Saestu ugi pak mboten saged. Kula mboten wanton nanggung resiko.”
Pak Arif : “Nggih pun menawi mekaten kula pareng.” (gela)
Pak Arif lajeng nyuwun tulung kaliyan Pak Adit, sarjana politik wonten Desa Tempurejo supados piyambakipun gampil njangkepi persyaratan kaliyan saged mengaruhi warga supados milih Pak Arif. Pak Arif lajeng tindak dhateng dalemipun Pak Adit.
Pak Arif : ”Assalamualaikum.”
Pak Adit : (mbukak lawang) “Waalaikumsalam. Oalah Pak Arif. Mangga pak.”
Pak Arif : “Nggih maturnuwun.” (lungguh)
Pak Adit : “wonten perkawis punapa Pak Arif tindak griya kula?”
Pak Arif : “Sakmenika langsung kemawon ing intinipun. Kula badhe nyalon lurah taun menika. Kaping setunggal kula nyuwun tulung Pak Adit gampilaken sedaya persyaratanipun wonten kantor kecamatan amargi panjenengan inggih kagungan kathah tiyang wonten mrika. Kula inggih nyuwun tulung Pak Adit istilahipun mempengaruhi warga supados milih kula.”
Pak Adit : (mesem) “Sakderengipun kula tanglet rumiyin. Panjengan sampun pendekatan kaliyan masyarakat punapa dereng?”
Pak Arif : “Dereng pak. Kala wingi kula sibuk wonten Jakarta. Nanging kula sampun nyawisaken dana kagem kampanyenipun.” (Mboten dangu baturipun Pak Adit nyawisaken unjukan maring tamunipun)
Pak Adit : “Mangga dipun unjuk pak.”
Pak Arif : “Nggih maturnuwun sanget.” (ngunjuk)
Pak Adit : “Menawi persyaratan menika gampil pak, kula saged mbiyantu.”
Pak Arif : (mesem lan manthuk-manthuk)
Pak Adit : “perkawis massa, kita saged narik warga supados remen kaliyan panjenengan. Nanging menika sejatosipun melanggar hukum pak amargi kita kados nyuap warga.”
Pak Arif : “Ampun kuwatos pak. Kula sampun kerjasama kaliyan pihak aparat desanipun.”
Pak Adit : (manthuk-manthuk) “Nggih, kula sarujuk.”
Bunga lajeng criyos maring Anin, sekretarisipun Pak Lurah kaliyan kanca setunggal kantoripun babagan Pak Arif ingkang dhateng wonten kantor kala wau.
Anin : “ngapa kok sajake Pak Arif rada nesu?”
Bunga : “Iya kae nin. Arep nyalon lurah nanging persyaratan during lengkap banjur njaluk tulung aku nglengkapi karo nyogok maneh. Padhake aku iki pegawe kang gampang disuap apa?” (mecucu)
Anin : “Oalah ngana ta prekarane. Pak Lurah uga arep nyalon maneh sajake. Nanging kabeh berkas-berkase uwis siap.” (mesem)
Bunga : “Aku seneng menawa Pak Hakiki nyalon maneh amarga pancen kinerjane apik.”
Anin : “Aku uga ngrasa mengkono. Eh Bung, Pak Lurah wis rawuh je aku dakmarani dhisik ya.”
Bunga : “Oke.”
Pak Lurah dhateng wonten kantor kelurahan damel ngrembag pencalonanipun dados Lurah. Wonten kantor Pak Lurah nembe ngendikan kaliyan Anin, sekretarisipun.
Pak Lurah : “Nin, aku bakal nyalon maneh dadi lurah. Aku njaluk tulung marang awakmu ngurus berkas-berkas kang dakbutuhake.”
Anin : ”Siap pak. Oh inggih pak. Bapak punapa sampun ngertos calon lurah ingkang enggal?”
Pak Lurah : “Durung. Lha sapa ta?”
Anin : “Pak Arif ingkang piyambakipun kagungan pabrik tas kaliyan sepatu kulit wonten Tanah Abang menika lho pak.”
Pak Lurah : “Waduh, sainganku kok abot. Nanging ora apa-apa aku kudu tetep nyalon amarga niatku uwis kuat.”
Anin : “Menawi mekaten, kula badhe biyantu bapak saksagetipun.”
Pak Lurah : “Ya maturnuwun. Pokokmen sakcepete pencalonanku kokurusi saka administrasi tekan kampanyene lan aja lali aku kepengin tetep sportif lan terbuka.”
Anin : “Nggih pak. Kula cawisaken sakniki. Menawi sampun jangkep, kula pareng pak. Nuwun”
Pak Lurah : “Ya.”
Wangsulipun saking kelurahan Bunga uga criyos kaliyan Bu Asri, ibunipun menawi kala wau Pak Arif tindak dhateng kelurahan.
Bunga : “Assalamualaikum bu.”
Bu Asri : “Waalaikumsalam nduk, kok gasik?”
Bunga : “Inggih amargi saweg rame pencalonan lurah.”
Bu Asri : “Oalah ngana. Ana crita apa nduk saka kelurahan? Biasane awakmu rak ya crita marang ibu menawa ana kadadeyan apa bae ing kantor kelurahan.”
Bunga : “Menika bu, kala wau Pak Arif, calon lurah enggal badhe nyuap kula damel pencalonan lurah.”
Bu Asri : “Tenane? Kok kebangeten ta?”
Bunga : “Nanging kula taksih eling ngendikanipun ibu menawi mboten pareng nampi suap.”
Bu Asri : “Ibu seneng menawa ngana nduk. Ya wis kana adusa uwis dakcepaake banyu anget.”
Bunga : “Maturnuwun bu.” (mesem)
Kabar menawi badhe wonten pemilihan lurah malih sampun sumebar ing masyarakat Desa Tempurejo. Bu Feni kaliyan Pak Beni sami ngrembag bab pemilihan lurah wonten dalemipun.
Bu Feni : “Pak. Kadosipun badhe wonten pemilihan lurah.”
Pak Beni : “Wah iya. Bapak rak ya kedapuk dadi pengawas pemilune.”
Bu Feni : “Sinten kemawon pak calonipun?”
Pak Beni : “Ana Pak Hakiki, lurah kang lawas lan Pak Arif calon lurah kang anyar. Menawa aku luwih seneng Pak Hakiki amarga piyambake wicaksana nalika dadi lurah.”
Bu Feni : “Wah nggih mesti pak. Pak Hakiki menika asmanipun Hakiki Haria Wicaksana. Dadosipun nggih wicaksana teras.”
Pak Beni : (ngguyu)“Lha ya bener kuwi bu. Ibu kok ya bisa ndagel. Sinau marang sapa?”
Bu Feni : “Sule pak.”
Pak Beni : “Sule kuwi rak panganan ing njerone roti kae ta bu?”
Bu Feni : (rada mbesengut) “Menika sele pak. Ibu saged menika nggih dipunajari bapak ta?”
Pak Beni : “O iya ding. Nanging dakpikir-pikir Pak Arif kae kurang karismatik. Bapak kurang sreg menawi Desa Banjaragung iki dipimpin karo Pak Arif. Nanging piyambake sugih kayane bakal tetep menang.”
Bu Feni : “Ampun ngonten pak. Kita nggih dereng ngertos kinerjanipun. Kita tengga kemawon kepripun benjang. Sakniki mangga pak ibu aturi dhahar.”
Pak Beni : “Bener kuwi tinimbang mumet mikir politik mendingan ngisi weteng supaya wareg. Masak apa bu?”
Bu Feni : “Asem-asem, sambel tomat kaliyan tempe bacem pak.”
Pak Beni : “Cocok kuwi. Ayo bu!”
Pak Arif dipunbiyantu Pak Adit kaliyan Bu Ajeng ngajak para warga supados milih Pak Arif. Nanging caranipun klintu.
Pak Adit ngempalaken bapak-bapak supados milih Pak Arif.
Pak Adit : “Bapak-bapak sedaya. Menawi pemilihan lurah benjang. Mangga kita sareng-sareng milih Pak Arif amargi piyambakipun saged makmuraken warga Desa Tempurejo. Oh nggih. Menika wonten rejeki saking Pak Arif kagem para bapak. Menika mboten nyogok punapa pripun nanging namung bagi rejeki kemawon.” (ngedumke amplopan)
Bu Ajeng manggihi Bu Dian, ketua PKK Desa Tempurejo.
Bu Ajeng : “Bu, ampun kesupen benjang milih Pak Arif dados lurah nggih? Kaliyan ngajak ibu-ibu PKK ingkang sanesipun.”
Bu Dian : “Umpamanipun Pak Arif dados lurah, untungipun kagem ibu-ibu punapa bu Arif?”
Bu Ajeng : “Menawi Pak Arif dados lurah kaliyan kula dados bu lurahipun, mankih menawi wonten acara-acara saged dipundanai. Tuladhanipun sakniki, kula ngaturi dana kagem PKK.” (menehake amplopan ning Bu Dian)
Bu Dian : “Maturnuwun bu sakderengipun. Nanging menika dados suap.”
Bu Ajeng : “Suap kepripun bu? Menika mboten suap nanging namung bagi rejeki kemawon supados saged makmuraken PKK.”
Bu Dian : “Bu Ajeng ikhlas menika dados sedekah?”
Bu Ajeng : “Nggih Bu. Nanging kula nyuwun tulung sanget Bu Dian ngendika kaliyan ibu-ibu.”
Bu Dian : “Ampun kuwatos bu. Sedaya menika saged dipunatur.” (mesem)
Bu Dian lajeng ngempalaken ibu-ibu PKK.
Bu Feni : “Bu Dian, wonten punapa dumadakan ngempalaken kita sedaya?”
Bu Dian : “Mekaten ibu-ibu. Pak Arif magang lurah kedahipun ibu-ibu sampun ngertos. Bu Ajeng kala wau mriki ngaturi arta kathah kagem kas PKK.”
Bu Asri : “Wah menika suap bu?”
Bu Dian : “Mboten bu. Menika sedekahipun Bu Ajeng kaliyan Pak Arif.”
Bu Asri : “Nanging kala wingi Bunga badhe dipunsuap kaliyan Pak Arif damel gampilaken persyaratan pencalonan lurah. Nggih beja mawon mboten sios”
Bu Dian : “Nggih nangin rak mboten sios ta?”
Bu Asri : “Nanging niate inggih sampun klentu ta?”
Bu Dian : “Sampun sampun ingkang wigatosipun niat Bu Ajeng kala wau mboten klintu ta? Namung sodakoh.”
Bu Asri : “Nggih mugi-mugi kemawon ikhlas.”
Bu Dian & Bu Feni : “Amin.”
Bu Feni : “Lha kok piyambakipun saged dados loma nggih. Kadosipun mboten nate sodakoh maring PKK.”
Bu Asri : “Lho calon lurah kedahipun nggih kados mekaten ta bu.”
Bu Dian : “Sakpunika kita sedaya sampun pirsa menawi Pak Arif menika mboten namung sugih nanging ugi remen derma. Kagem pirsa kemawon langkung becik kita nggadhahi lurah kados Pak Arif.”
Mboten dangu Bu Lurah rawuh wonten kempalan ibu-ibu PKK menika.
Bu Lurah : “Assalamualaikum ibu-ibu.”
Ibu-ibu : “Waalaikumsalam Bu Lurah.”
Bu Lurah : “wonten perkawis punapa kok kadingaren makempal dinten menika?”
Bu Feni : “Menika Bu, Bu Ajeng nembe ngaturi dana damel kas PKK.” (keceplosan)
Bu Asri : “Ssssst.” (Njawil Bu Feni)
Bu Lurah : “Mboten punapa-punapa Bu Asri. Malah sae sanget menawi mekaten. Nggih sampun ibu-ibu mangga dipunlajengaken. Kula pareng badhe wonten acara. Assalamualaikum.”
Ibu-ibu : “Waalaikumsalam.”
Bu Asri : “Waduh pripun? Bu Lurah duka.”
Bu Feni : “Aduh kula dados ngrasa klentu sanget.”
Bu Dian : “Mboten punapa-punapa Bu Feni, Bu Lurah menika tiyang ingkang sabar mboten gampil duka.”
Kampanyenipun Pak Arif sampun gencar damel Pak Hakiki radi lesu. Lajeng Pak Hakiki sambat kaliyan Anin, sekretarisipun.
Pak Hakiki : “Nin. Kok sajake kampanyene Pak Arif uwis ngalahake kampanyeku. Aku dadi pesimis menawa bisa menang.”
Anin : “Lho pak, bapak piyambak menawi semangat nyalon malih. Nggih ampun pesimis mekaten. Kula yakin saestu menawi bapak saged menang amargi masyarakat sampun sami remen kaliyan bapak.”
Pak Hakiki : “Ah, ndak iya?”
Anin : “Saestu pak.”
Pak Hakiki : “Menawa ngana aku dadi semangat maneh. Ya wis aku dakbali dhisik. Kabeh urusan dakserahake awakmu. Tukung ya!”
Anin : “Nggih pak, siap.” (mesem)
Sejatosipun Anin inggih radi nglokro amargi ngerti masyarakat sakpunika sami milih Pak Arif. Anin lajeng gadhah ide damel nyelidiki punapa sebab Pak Arif saged angsal massa ingkang kathah.
Satunggalipun dinten, Anin weruh wonten keganjilan wonten kantor kelurahan. Anin ngrungokake ngendikanipun Pak Arif kaliyan Pak Beni, ketua panitia pemungutan suara wekdal punika. Lajeng mboten kesupen dipunrekam kaliyan Anin.
Pak Arif : “Pak Dim. Kula nyuwun tulung saestu, suara kula dipundamel kedah kathah supados saged menang.”
Pak Dimas : “Wah pripun nggih. Kula mboten wanton.”
Pak Arif : “Pak Dim kula saged nyawisaken arta ingkang panjenengan kersaaken.”
Pak Dimas : “Wantun pinten?” (nyengir karo tangane mando)
Pak Arif :”Menika perkawis gampang. Ingkang wigatosipun kula saged dados lurah.”
Pak Dimas : “Menawi mekaten, eko alias oke pak. Nanging ampun ngendika sinten-sinten menawi kula ingkang nambahi suanten.”
Pak Arif : “Beres. Maturnuwun pak.” (salaman)
Dinten ingkang tansah dipuntengga inggih menika pemungutan suara sampun dugi. Sedaya warga Desa Banjaragung kempal wonten kelurahan milih lurah.
Sesampunipun milih, para warga lajeng mirsani pengitunganipun suara. Saking hasil pengitungan Pak Arif sampun menang. Nanging….
Pak Dimas : “Pak Arif. Pak Arif. Pak Hakiki, Pak Arif. Pak Arif malih. Dados saking perolehan suara paling kathang inggih menika Pak Arif.”
Anin : “Sekedhap pak. Pak arif sejatosipun mboten menang amargi piyambakipun mboten sportif.”
Pak Dimas : “Mboten sportif pripun? Cetha-cetha suaranipun paling kathah.”
Anin : “Kula gadhah videonipun Pak Arif kaliyan Pak Beni nembe ngendikan.” (diweruhake pengawas)
Pengawas : “Para Bapak Ibu sedaya, Pak Arif menika sampun nglanggar aturan lajeng kedah dipundiskualifikasi. Dados ingkang dados lurah inggih menika Pak Hakiki.”
Pak Lurah : “Alhamdulillah.” (syukur)
Bu Lurah : “Alhamdulillah pak.” (bungah)
Para Rawuh : “Horee…” (keplok-keplok)
Pak Arif : “Kula mboten trima pak amargi sampun medalaken dana kathah.” (ngoso)
Pengawas : “Mekaten kemawon pak. Panjenengan badhe mundur teratur punapa kula perkawisaken wonten kepolisian?”
Pak Arif kaliyan Bu Ajeng kondur amargi sampun disoraki para rawuh sedaya.
Para Rawuh : “Huuu..”
Pak Arif : “Ayo bu balek ning Jakarta wae.”
Bu Ajeng : “Nggih pak. Sami mboten kepenak tiyangipun. Mboten asik.”


+Contoh naskah Drama pilihan lainnya Klik disini


Description: Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah ) Rating: 5.0 Reviewer: Eri ItemReviewed: Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah )


Pengunjung Lain Juga Membaca:


Gali lebih banyak tentang Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah )
0 Komentar untuk "Drama bahasa jawa : Mirah ( Mileh Lurah )"
Back To Top