Gladi resik upacara bendera pengetan dinten kamardikan Nagari Republik Indonesia ingkang kaping 69 taun, dipun gelar dhateng plataran Kompleks Kepatihan Ngayogyakarta, dinten Jemuah enjing. Kejawi dipun estreni dening puluhan pegawai nesgeri sipil saking wewengkon Pemda DIY, salebeting gladhi kasebat ugi dipun sengkuyung unsur TNI lan Polri. Miturut Kabag Humas Pemda DIY, Iswanto, upacara bendera pengetan dinten kamardikan punika badhe dipun gelar dinten Minggu watawis 07.30 WIB ingkang kalajengaken Upacara Detik Detik Kemerdekaan ing Gedung Agung Yogyakarta, kanthi Inspektur Upacara Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono X.
Iswanto ugi mratelakaken, upacara ing kompleks kepatihan punika kanthi petugas upacara ingkang dipun pilih saking pegawai eselon III ing Sekda Pemda DIY, wondene pengiring Lagu Indonesia Raya dening para pegawai saking Dinas Kesbanglinmas DIY. Sinaosa upacara pengetan dinten kamardikan punika dipun tindakaken ing dinten Minggu, nanging pemda ngajab sedaya bebadan pamarentahan lan pendidikan nggelar upacara bendera pengetan dinten kamardikan.
Fauzan Ahmad
Berita bahasa jawa lainnya klik disini

0 Komentar untuk "Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri"